Thursday, January 22, 2009

BAHASA JAWA … I STILL DO IT!!!

Inggih badhe kulo paparaken kagem sadaya ingkang maos tulisan punika, bilih boso jowo taksih dipun agem wonten ing kathah nggen. Nyuwun pangapunten manawi anggenipun kawula ngaturaken bebasan punika kathah lepatipun.

Sakmenika mboten sekedik lare-lare enom ingkang mboten ngagem bebasan jawi naming amargi mboten dados boso ingkang sae tumrap pergaulan, sanjange. Manawi kita priksani, sakmeniko pranata cara injih kathah ngagem boso jawi kagem rina-rina acara. Mila ing wekdal punika kawula badhe ngaturaken sakedhik tuladha boso jawi ingkang diagem kanthi sae amrih pranata cara.

“sajak arimbit penganten jaler lan estri, mlampah-mlampah wonten ing sonten punika, agawe janji pratila pracaya satunggal tumrap satunggalipun”

“para rawuh ingkang kinormatan…sumonggo ing tlatah punika , mriksani pengantin kekalih bandem bandeman kanthi tresna”

“penganten kekalih mlampah sarimbit, kados menthok dobolen”

“upacara gendong-gendongan kawiwitan ing gedung darmawanita solo punika, ngantos dumugi demak”

Tuladha ing nginggil punika inggih tuladha ingkang klentu, mboten angsal dipun agem ing pranata cara…kawula naming cobi ngaturaken kemawon, lan badhe kula wiwiti sak kedhap malih, awit boso jowo ingkang kasar…kados mekaten

“Ndes, piye, wah suwun lho, wis mampir blog ku iki…lha aku ki jane rodo kesel je nulis nulis ngene…lha wis piye meneh, wong yo aku dasare seneng corat coret…rak yo ngono to, pak bina?”

Wis ah, kesuwen! Selak ngantuk ki, rung bali kerjo…meh bali, madang, trus gitaran ngarep pos ronda!

Wis yo!!

No comments:

Post a Comment